Teng salah sawijining wekdal, wonten tiyang saking
Purwareja, ingkang gadaih asma Ki Ageng Mertandaka. Ki Ageng Mertandaka punika
seneng mangembara, ansale mangembara mboten piyambekan.
Ing wekdal punika Ki
Angeng Mertandaka kaliyan rombongane badhe mangembara, nanging dereng ngertos
tujuane. Ing salah sawijining ndalu Ki Ageng Mertandaka angsal wangsit saking
ngimpi. Wangsitipun inggih punika, Ki Ageng Mertandaka kaliyan rombongan
supados mangembara dateng arah ngilen teng alas.
Sesampunipun nampi wangsit, Ki Ageng Mertandaka kaliyan
rombongan langsung kesah mangembara dateng ngilen. Sesampunipun mlampah tebih
lan sampun pinten-pinten dinten rombonganipun Ki Ageng Mertandaka manggihi alas
ingkang teksih rungkud.
Teng alas punika Ki Ageng kaliyan rombongan teras
mbabad alas kangge panggenan ngaso. Siang ndalu sami myambut damel mbabad alas,
mboten ngraosaken sayah. Salebeting ngaso nggene nyambet damel, Ki Ageng
Mertandaka lan rombongan nggene lenggah kaliyan jajar utawi jejer kaliyan omong
omongan tentang pangembaraanipun.
Kebiyasaan Ki Ageng kaliyan rombongan nggene lenggah jajar,
teng panggenan ingkang mbabad alas ndadosaken di asmani Kalijajar, saking
tembung kaliyan jajar, lan saniki dados Kalikajar.
Salebeting sare Ki Ageng
Mertandaka angsal wangsit malih saking ngimpinipun puniko Ki Ageng Mertandaka
supados damel dusun ing panggenan punika kaliyan rombongan lan netep teng
panggenan ingkang kasilo saking mbabad alas punika, manut wangsite. Teras Ki
Ageng Mertandaka ndamel dusun ing mriko lan diasmani dusun Kalikajar.
Sesampunipun dados dusun, dereng wonten sumber toyane.
Rombongane Ki Ageng Mertandaka bingung, amargi mboten wonten toya. Samenika Ki
Agen Mertandaka saweg mlampah-mlampah teng wilayah dusun,lan manggihi cahaya
ingkang padang sanget, teras di caketi teng Ki Ageng, sesampune di tingali,
jebule niku cahaya toya ingkang bening lan resik ingkang ngendong utawo kang
biasa kasebur belik.
Sesampunipun Ki Ageng ngabaraken dateng rombonganipun,
supados ngangge toya punika kangge kepreluan sedinten-dinten. Ngantos saniki
belik punika teksih dingge ing warga Kalikajar kangge kepreluan
sedinten-dinten.
Sesampune netep, Ki Ageng Mertandaka ing dusun Kalikajar
punika kathah keturunan, ingkang turun-temurun ngantos seniki. Sebab punika
warga dusun Kalikajar, Kec. Kaligondang, Kab. Purbalingga punika di percaya
keturunan saking Ki Ageng Mertandaka ingkang saking Purwareja.
Cariyos ing nginggil punika salah setunggalipun cariyos
daerah tepate cariyos saking desa Kalikajar.